Rabu, 31 Januari 2018

Crita Wayang - Rama lan Sita BAGEAN LORO


JUDUL BUKU: Crita Wayang - Rama lan Sita
DENING: DRS. H. Sutadi lan DR. RMA Sudi Yatmana
PENERBIT: CV. Cendrawasih
_

6. Wadya Bala Wanara
            Rama lan Lesmana bisa ketemu kato Sugriwa. Mula Rama lan Sugriwi tumuli nganakake pasarujukan, arep padha sabiyantu ing karya. Sugriwa arep aweh pitulungan marang Rama nglawan Rawana.
            Rama nglepasake jemparing ngeles Subali, kena mbabarpisani. Sugriwa jumeneng nata ing Negara Kiskendha. Dene putrane, jeneng Anggada, kawisuda dadi pangeran kang binakal raja.
            Ing Negara Kiskendha ana rewanda sakti mandraguna, wicaksana, lan trampil ing karya. Rewanda kuwi ajeneng Anoman, putrane rajaning angin Dewa Bayu. Anoman kuwi sing kajibah nglari Sita, binarengan Anggada sarta wadya bala wanara.
            Ing tengahing laku Anoman lan Anggada lan bala kapi kepethuk Sampati yaiku sadulure Jathayu. Paksi Simpati crita menawa saka puncaking pegunungan Windya weruh kanthi wewentehan Sita digawa mabur dening Rawana menyang negara Alengka.
            Lakune wadya Rewanda kandheg ing sapinggiring segara amba ngilak-ilak tanpa wates Swaraning ombak nggegirisi.
            Sing bisa mlumpat adoh ngliwati sagara yaiku Anoman kang sekti mandraguna. Patang ndina patang bengi Wanaraseta nglayang ing gegana, lagi tumeka ing laladan Alengka. Anoman malih dadi kucing, milang-miling nggoleki, lagi weruh papan padunungane Sita, yaiku ing taman Soka. Kucing malih ing jatine, banjur nyritakake yen dadi utusane Rama niti priksa kaanane Sita, “Sang putri, panjenengan sampun kuwatos, panjenengan temtu badhe saged lolos saking bancana punika”.

7. Anoman Krindha
Sadurunge bali Anoman krindha ngrusak isi neng kraton, kabeh katrajang pangamuking Rewandaseta. Adhedhasar anggering bawana, utusaning negara iku ora kena kaprajaya, sarta kudu diurmati. Anoman slamet. Nanging tetep kapatrapan paukuman. Buntute diblebed bakal, dicelup lenga patra, nuli kaobong.
Sita ndedonga nyuwun marang Dewa Geni murih Anoman ora kobong. Buntute Anoman dadi obor makantar-kantar, geni nglalad-alad kraton Alengka dadi karang abang dadi sagara geni.
Rama nggalih kepriye anggone arep mbudhalake wadya bala nempuh Alengka kang keletan sagara amba.
Rawana ngumpulake para penggedhe lan para sing pinunjul ing perang. Kabeh nayogyani. Wibisana adhine Rawana ora nayogyani amarga Wibisana satriya luhur ing budhi.
Dasamuka nesu nguman-uman adhine. Wibisana ora nyondangi tumindhake kangmasa, Sempared, kangmase katinggal. Alengka katinggal, esthine newoni lan njurungi Rama.

8. Amuk-Amukan
Wibisana wis dadi siji karo Rama lan wadya balane. Wibisana duwe pratikel supaya Rama nyuwun tulung marang Dewa Sagara. Pambanguning bendungan lancar.
Lakuning bala tantara tumeka ing kikising nagarane mungsuh. Kahanane dadi rame perang campur amuk-amukan. Minangka agul-aguling Rama yaiku Lesmana, Sugriwa, Anoman, Anggada, Anila dalah rajaning bruwang ajeneng Jembawan.
Dene gegadhuging Negara Alengka yaiku Prahastha, Kumbakarna lan Indrajid. Kumakarna gugur dadi pahlawan ing nagara. Indrajid kuwi sekti banget duwe kawruh gaib lan bisa ngilang. Rama lan Lesmana kena senjatane Indrajid. Lelorone nandhang tatu. Tambane mawa godhonging wit kang tuwuh ing pucaking Gunung Kelasa. Bubar ditambani, waluyo jati maneh.
Indrajid banjur gawe krenah maju perang nunggang kreta bebarengan karo Sita. Sawise kasiksa, gulune Sita kapocok sirahe gumlundhung. Saka kadohan Anoman meruhi tumuli martakake bab kuwi marang Rama. Sakala Rama ambruk, ora eling purwa duksina. Wadya Rama padaha nglempruk, ora duwe daya. Wibisana aweh katrangan yen kedaden kuwi mung minangka krenah bae, apus-apusan. Sing dimunasika kuwi dudu Sita tenan, nanging mung tetironing Sita bae.

9. Perang Tanding
Indrajid mati dening Lesmana. Rawana kurda, nesu, ngamuk. Rama lan Rawana perang nganti pirang-pirang ndino. Ora ana sing menang, ora ono sing kalah.
Tumuli Rama cecawis panahing peparinge Dewa Brahma akan Brahmastra. Gendhewa kapeuthang, ponah diincerake enggal kalepas sumemprung cumlorot cumeprot ing dadhane mungsuh. Dasamuka njungkel gumlundhung kanteb ing lemah, sakala mati. Wadya sing isih urip pada bubar mawut.
Dening Rama, Wibisana kawisuda jumeneng nata ing Alengka, mangun nagara kang rusak, mbudidaya tentrem raharjaning para kawula.
Ayu Sita bisa uwal saka blenggungin mungsuh banjur padaha kagrubyuh bali ketemu Bagus Rama.
Kocapa, Rama wis jumeneng nata ing Ayodya kanthi prameswari Sita.

10. Pinjuringan Katentraman Karaharjan
Durung suwe anggone ngembani praja, ana pawarta lalawora dadi ora pracaya bab kasetyaning Sita. Dianani upacara ngobong Sota. Sita ora kobong nangih puguh panggah kaanane ing sakawit.
Sita isih ngalami kasebratake ing alas mataun-taun suwene. Sita oleh si pitulungan Resi Walmiki. Ing alas Sita pinaringan kanugrahan anak kembar, Kusa lan Lawa.
Kusa lan Lawa atur pisungsung pisembah ngidungake kekidungan isi lelakone Sita. Banjur katitik yen leloro kuwi ora liya kajaba putrane Rama.
Wose, Sita, Kusa lan Lawa wis kaboyong menyang Ayodya. Resi Walmiki ora kari.

Kabeh padha syukur muji muja marang kamuyaning Pangeran Kang Mahaesa. Lawa, Kusa, Ayu Sitan lan Bagus Rama pinaringan katentraman karaharjan.

*PUNGKASAN*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Nresnani Lingkungan

JUDUL BUKU: Widya Basa Jawa Kelas VII (Hal 71-72) DENING: Tresno Sukendro lan Sukarman PENERBIT: Erlangga _ Nresnani Lingkun...