Minggu kang sumringah, ono bocah lagi ngonthel sepedane
kanti mesam-mesem. Bocah kuwi jenenge Adin.
“Eh Adin, kok agek tekan?”
“Ho oh… Mau pitku disilih kangmasku”
“Ho oh… Mau pitku disilih kangmasku”
Plataran omahe Janu wis malih rame. Adin, Umar lan Janu
padha guyon jegegesan. Janu crita dhek wingi paklike nggewekne dolanan
panah-panahan saka pring.
“Wuih, asyik kuwi ketokel”
“Eh, Mar, Din piye yen saiki awake dewe adhu manah?”
“Eh, Mar, Din piye yen saiki awake dewe adhu manah?”
Janu entuk giliran pertama. Thes! Thes! Kasil manah
kanthi trep ping loro. Umar uga kasil ping pindho. Adin mung bisa manah kanthi
trep pisan.
“Wah… Tuan rumah iki juarane”
Jam papat Adin lan Umar pamitan. Ananging nalika bali
menyang omah Adin wis ora sumringah maneh.
“Kowe iki kanapa ta Din, kawit
mau kok sajak manyun bae?” Kangmase takon. Adin nyritakake lomba manah ing
omahe Janu. Adin ngaku yen ngrasa kuciwa merga kalah.
“Kowe pingin pinter manah ta?”
“Pengin Mas!”
“Sesuk dak gawekake dhewe”
“Kowe pingin pinter manah ta?”
“Pengin Mas!”
“Sesuk dak gawekake dhewe”
Sesuk sorene, Adin wis ing buri omah bareng kangmase. Busur,
panah, lan papane wes dadi. Bola-bali panahe Kangmase nancep kanthi trep ing
titik tengah papan.
“Kepriye Mas, kok bisa trep ngono?”
“Manah kuwi kudu musatake pikiran marang sasaran kang arep kok panah”
“Kepriye Mas, kok bisa trep ngono?”
“Manah kuwi kudu musatake pikiran marang sasaran kang arep kok panah”
Ing dina minggu candhake Adin, Umar lan Janu nganakake
lomba panah maneh. Jebule Adin kang dadi juara.
“Kepriye Din?”
“Rahasiane gampang banget, anggonane latihan kudu tenanan, musatake perhatian lan tekun”
Adin mesem. Saiki wis percaya diri maneh.
“Kepriye Din?”
“Rahasiane gampang banget, anggonane latihan kudu tenanan, musatake perhatian lan tekun”
Adin mesem. Saiki wis percaya diri maneh.


Tidak ada komentar:
Posting Komentar