Rabu, 31 Januari 2018

Cerkak - Jaka Tarub



JUDUL BUKU: Widya Basa Jawa Kelas VII (Hal 211)
DENING: Tresno Sukendro lan Sukarman
PENERBIT: Erlangga
_

Jaka Tarub

Ing pedhukuhan Tarub urip sawijining randha aran Mbok Randha Tarub tilas garwane Ki Ageng Tarub. Sawijining wengi ngepasi malam jemuwah kliwon, ziarah ing makame Ki Ageng. Eloke lelakon, bareng parak esuk mbok Randha Tarub kaget lan gumun dene ing cedhake anggone turu ana bayi lanang nangis cenger-cenger.
Bayi lanang tur bagus iku gelis gedhene. Bayi lanang kuwi dijenengi Jaka Tarub. Anggone nggulawentah Jaka Tarub ngalah-ngalahi anake dewe.
Jaka Tarub wis ngancik jejaka, senengane mbebedhag kewan alas. Ing tengah alas dheweke weruhi widadari kang padha adus. Jaka Tarub njupuk klambi siji lan selendange banjur digawa mulih disingitake ing lumbung ditumpuki pari.
Nalika meruhi tekane manungsa widadari padha mabur bali menyang khayangan wedi kamanungsan. Kari siji widadari kelangan klambi lan selendange, atine sedhih banget nganti nangis. Wusana, widadari iku ngucap sayembara, “Sing sapa bisa menehi klambi menawa wong tuwa bakal diaku dadi wong tuwane, menawa wadon bakal diaku sedulur sinarawedi, dene yen lanang bakal sanggup dipek bojo”

Jaka Tarub menehi pitulungan marang widadari kang arak Dewi Nawangwulan. Banjur digarwa diajak bali ing pedhukuhan Tarub.

Cerkak - Emprit Sajodho Ngrembug Pakdhe Tani



JUDUL BUKU: Emprit Sajodho Ngrembug Pakdhe Tani
DENING: Lik Hugo
PENERBIT: Penjebar Semangat (Mei 2014)
_

Emprit Sajodho Ngrembug Pakdhe Tani

Ing alas sacedhake sawah ana manuk emprit sasodho nyusuh ing pange wit munggur. Nuju sawijining esuk, padha dhidis ing panasan sinambi rekembugan.
Ujare manuk wedok “Pakne, susuhe mbok didandani. Angine sembribit mlebu”.
“Witikno arep dikapakna, paring Sing Kuasa lagi kaya ngene. Ora kurang deh aku ngudi entuk suket”. Wangsulane manuk lanang.
“Bocah sing padha ngarit bae sambate sundhul langit. Ora entuk gawe. Saler bae ora oleh kecekan suket. Aku yo durung oleh incengan nggonane pakdhe Tani, tak ungak, lumbunge kothong. Sing tak weruhi mung tela ana tampah. Sakjane parine pakdhe Tani padha nglumpuk ing omahe juragan paring ing kutha” Imbuhe.
“Nek kiraku sebabe saka kurang tresnane pakdhe Tani marang Dewi Sri. Ayo pak ne, ndang budal nyang kutha”
“Nek saka pamrayogaku, mbokne ora perlu padha ngumbara menyang kutha, becik trima mangan sektemune dhisik. Mentas udan mesti banjure terang, rak yo ngono ta?” Ujare manuk lanang.
“Pengarep-arepku, muga-muga besok bubar panen pakdhe Tani bisa nyrateni menyang kaksame Dewi Sri, supaya penggalije ana ing omah bisa tentrem”

Crita Wayang - Rama lan Sita BAGEAN LORO


JUDUL BUKU: Crita Wayang - Rama lan Sita
DENING: DRS. H. Sutadi lan DR. RMA Sudi Yatmana
PENERBIT: CV. Cendrawasih
_

6. Wadya Bala Wanara
            Rama lan Lesmana bisa ketemu kato Sugriwa. Mula Rama lan Sugriwi tumuli nganakake pasarujukan, arep padha sabiyantu ing karya. Sugriwa arep aweh pitulungan marang Rama nglawan Rawana.
            Rama nglepasake jemparing ngeles Subali, kena mbabarpisani. Sugriwa jumeneng nata ing Negara Kiskendha. Dene putrane, jeneng Anggada, kawisuda dadi pangeran kang binakal raja.
            Ing Negara Kiskendha ana rewanda sakti mandraguna, wicaksana, lan trampil ing karya. Rewanda kuwi ajeneng Anoman, putrane rajaning angin Dewa Bayu. Anoman kuwi sing kajibah nglari Sita, binarengan Anggada sarta wadya bala wanara.
            Ing tengahing laku Anoman lan Anggada lan bala kapi kepethuk Sampati yaiku sadulure Jathayu. Paksi Simpati crita menawa saka puncaking pegunungan Windya weruh kanthi wewentehan Sita digawa mabur dening Rawana menyang negara Alengka.
            Lakune wadya Rewanda kandheg ing sapinggiring segara amba ngilak-ilak tanpa wates Swaraning ombak nggegirisi.
            Sing bisa mlumpat adoh ngliwati sagara yaiku Anoman kang sekti mandraguna. Patang ndina patang bengi Wanaraseta nglayang ing gegana, lagi tumeka ing laladan Alengka. Anoman malih dadi kucing, milang-miling nggoleki, lagi weruh papan padunungane Sita, yaiku ing taman Soka. Kucing malih ing jatine, banjur nyritakake yen dadi utusane Rama niti priksa kaanane Sita, “Sang putri, panjenengan sampun kuwatos, panjenengan temtu badhe saged lolos saking bancana punika”.

7. Anoman Krindha
Sadurunge bali Anoman krindha ngrusak isi neng kraton, kabeh katrajang pangamuking Rewandaseta. Adhedhasar anggering bawana, utusaning negara iku ora kena kaprajaya, sarta kudu diurmati. Anoman slamet. Nanging tetep kapatrapan paukuman. Buntute diblebed bakal, dicelup lenga patra, nuli kaobong.
Sita ndedonga nyuwun marang Dewa Geni murih Anoman ora kobong. Buntute Anoman dadi obor makantar-kantar, geni nglalad-alad kraton Alengka dadi karang abang dadi sagara geni.
Rama nggalih kepriye anggone arep mbudhalake wadya bala nempuh Alengka kang keletan sagara amba.
Rawana ngumpulake para penggedhe lan para sing pinunjul ing perang. Kabeh nayogyani. Wibisana adhine Rawana ora nayogyani amarga Wibisana satriya luhur ing budhi.
Dasamuka nesu nguman-uman adhine. Wibisana ora nyondangi tumindhake kangmasa, Sempared, kangmase katinggal. Alengka katinggal, esthine newoni lan njurungi Rama.

8. Amuk-Amukan
Wibisana wis dadi siji karo Rama lan wadya balane. Wibisana duwe pratikel supaya Rama nyuwun tulung marang Dewa Sagara. Pambanguning bendungan lancar.
Lakuning bala tantara tumeka ing kikising nagarane mungsuh. Kahanane dadi rame perang campur amuk-amukan. Minangka agul-aguling Rama yaiku Lesmana, Sugriwa, Anoman, Anggada, Anila dalah rajaning bruwang ajeneng Jembawan.
Dene gegadhuging Negara Alengka yaiku Prahastha, Kumbakarna lan Indrajid. Kumakarna gugur dadi pahlawan ing nagara. Indrajid kuwi sekti banget duwe kawruh gaib lan bisa ngilang. Rama lan Lesmana kena senjatane Indrajid. Lelorone nandhang tatu. Tambane mawa godhonging wit kang tuwuh ing pucaking Gunung Kelasa. Bubar ditambani, waluyo jati maneh.
Indrajid banjur gawe krenah maju perang nunggang kreta bebarengan karo Sita. Sawise kasiksa, gulune Sita kapocok sirahe gumlundhung. Saka kadohan Anoman meruhi tumuli martakake bab kuwi marang Rama. Sakala Rama ambruk, ora eling purwa duksina. Wadya Rama padaha nglempruk, ora duwe daya. Wibisana aweh katrangan yen kedaden kuwi mung minangka krenah bae, apus-apusan. Sing dimunasika kuwi dudu Sita tenan, nanging mung tetironing Sita bae.

9. Perang Tanding
Indrajid mati dening Lesmana. Rawana kurda, nesu, ngamuk. Rama lan Rawana perang nganti pirang-pirang ndino. Ora ana sing menang, ora ono sing kalah.
Tumuli Rama cecawis panahing peparinge Dewa Brahma akan Brahmastra. Gendhewa kapeuthang, ponah diincerake enggal kalepas sumemprung cumlorot cumeprot ing dadhane mungsuh. Dasamuka njungkel gumlundhung kanteb ing lemah, sakala mati. Wadya sing isih urip pada bubar mawut.
Dening Rama, Wibisana kawisuda jumeneng nata ing Alengka, mangun nagara kang rusak, mbudidaya tentrem raharjaning para kawula.
Ayu Sita bisa uwal saka blenggungin mungsuh banjur padaha kagrubyuh bali ketemu Bagus Rama.
Kocapa, Rama wis jumeneng nata ing Ayodya kanthi prameswari Sita.

10. Pinjuringan Katentraman Karaharjan
Durung suwe anggone ngembani praja, ana pawarta lalawora dadi ora pracaya bab kasetyaning Sita. Dianani upacara ngobong Sota. Sita ora kobong nangih puguh panggah kaanane ing sakawit.
Sita isih ngalami kasebratake ing alas mataun-taun suwene. Sita oleh si pitulungan Resi Walmiki. Ing alas Sita pinaringan kanugrahan anak kembar, Kusa lan Lawa.
Kusa lan Lawa atur pisungsung pisembah ngidungake kekidungan isi lelakone Sita. Banjur katitik yen leloro kuwi ora liya kajaba putrane Rama.
Wose, Sita, Kusa lan Lawa wis kaboyong menyang Ayodya. Resi Walmiki ora kari.

Kabeh padha syukur muji muja marang kamuyaning Pangeran Kang Mahaesa. Lawa, Kusa, Ayu Sitan lan Bagus Rama pinaringan katentraman karaharjan.

*PUNGKASAN*

Rabu, 17 Januari 2018

Crita Taman Putra - Lomba Manah


JUDUL CRITA: Lomba Manah
DENING: Mas Kawi
PENERBIT: Jaya Baya (Juni 2014)
_
Lomba Manah
            Minggu kang sumringah, ono bocah lagi ngonthel sepedane kanti mesam-mesem. Bocah kuwi jenenge Adin.
“Eh Adin, kok agek tekan?”
“Ho oh… Mau pitku disilih kangmasku”
            Plataran omahe Janu wis malih rame. Adin, Umar lan Janu padha guyon jegegesan. Janu crita dhek wingi paklike nggewekne dolanan panah-panahan saka pring.
“Wuih, asyik kuwi ketokel”
“Eh, Mar, Din piye yen saiki awake dewe adhu manah?”
            Janu entuk giliran pertama. Thes! Thes! Kasil manah kanthi trep ping loro. Umar uga kasil ping pindho. Adin mung bisa manah kanthi trep pisan.
“Wah… Tuan rumah iki juarane”
            Jam papat Adin lan Umar pamitan. Ananging nalika bali menyang omah Adin wis ora sumringah maneh.
“Kowe iki kanapa ta Din, kawit mau kok sajak manyun bae?” Kangmase takon. Adin nyritakake lomba manah ing omahe Janu. Adin ngaku yen ngrasa kuciwa merga kalah.
“Kowe pingin pinter manah ta?”
“Pengin Mas!”
“Sesuk dak gawekake dhewe”
            Sesuk sorene, Adin wis ing buri omah bareng kangmase. Busur, panah, lan papane wes dadi. Bola-bali panahe Kangmase nancep kanthi trep ing titik tengah papan.
“Kepriye Mas, kok bisa trep ngono?”
“Manah kuwi kudu musatake pikiran marang sasaran kang arep kok panah”
            Ing dina minggu candhake Adin, Umar lan Janu nganakake lomba panah maneh. Jebule Adin kang dadi juara.
“Kepriye Din?”
“Rahasiane gampang banget, anggonane latihan kudu tenanan, musatake perhatian lan tekun”
Adin mesem. Saiki wis percaya diri maneh.

Crita Wayang - Rama lan Sita BAGEAN SIJI




JUDUL BUKU: Crita Wayang - Rama lan Sita
DENING: DRS. H. Sutadi lan DR. RMA Sudi Yatmana
PENERBIT: CV. Cendrawasih
_

1. Rama Bakal Kajumenengake Nata
      Ana nagara jenenge Kosala. Kadhatoning ratu ing kutha Ayodya. Sang Prabu Dasarata kang jumeneng nata. Penggalihe sang prabu ora tentrem amarga durung kagungan putra.
      Raja dhawuh marang pandhita lan para punggawaning kraton nganakake upacara mawa sesaji kang luwih ganep lan akeh. Nyuwun supaya kanugrahan putra.
      Panyuwune kasembadan. Garwa tetelu kagungan putra lanang kabeh. Dewi Kosalya peputra Rama. Dewi Kakeyi peputra Barata. Dewi Sumitra putrane kembar yaiku Lesmana lan Satrugna.
Rama sejatine Dewa Wisnu kang manjanma.
      Putra papat kuwi sekti mandraguna. Rama lan Lesmana numpes wadya raseksa kang sumedya ngrusak patapan.
      Rama lan Lesmana lagi lelana ngumbara menyang ngendi-endi. Ngliwati Negara Widheha utawa Mantili kang dadi raja asmane Janaka. Negara kasebut nganakake sayembara. “Sok sapaa kang bisa menthang gandewa pusaka kraton bakal kapundut mantu oleh putrane wadon yaiku Sita”
      Rama kang kasil sakala gandhewa tugel tengah.
      Bagus Rama oleh Ayu Sita. Upacara wiwaha maw pahargyan semuwa. Penganten leloro kaboyong menyang Negara Kosala.
      Prabu Dasarata wis tuwa banget. Rama kang ginadhang-gadhang nggenteni jumeneng nata.

2. Kena Piwales
Tresnane Prabu Dasarata marang Dewi Kekegi saya wuwuh. Nganti penjenengane amarengake Dewi Kakeyi ngaturake panyuwun warna loro.
Sang Dewi ngaturake panyuwun yaiku Rama katundhunga saka kraton sesuwenin 14 taun ora kaparengake napak ing Kraton Ayodya, lan putrane Barata kanjumenengna nata.
Raja babak pisan ora kagungan panduga yen Dewi Kakeyi bakal wani tegel ngaturake panyuwun kasebut.
Dasarata nggraita yen ing saiki tumeka titi wancine kena piwales. Sapa mateni bakal dipateni.

3. Ngumbara
Ayu Sita lan Bagus Rama lukar busana kraton kang sakaliwat endah edipeni, ganti ngrasuk panganggone wong tapa awujud klika.
Lelorone budhal saka kraton. Lesmana ora gelem kari.
Sapungkure Rama, Lesmana lan Sita, Dasarata pijer gerah bae nganti seda.
Barata bakal kajumeneng nata. Barata nampik ora gelem.
Kabukten yen Rama ora gelem dadi raja nggenteni sing wis seda. Barata tumuli njaluk suapaya Rama menehi trumpahe minangka lamabanging Rama bakal kapapnahe ing palenggahaning nata.

4. Kurang Weweka
Wis suwi Rama, Sita lan Lesmana ninggal negara ngumbara. Rama kapurih numpes wadya raseksa.
Raseksa akeh sing wedi dening angsahe Rama.
Ana buto wadon teko arep ngamuk marang Rama. Raseksi kuwi jenenge Sarpakanaka. Bareng ketemu Rama ora gelem. Sarpakanaka dikon nemoni Lesmana bae. Lesmana nggeguyu ngece lan ngina. Sarpakanaka ngamuk, anangi kalah.
Sarpakanaka nemoni Kara. Kara kuwi buto sing sakaliwat ampuh lan meden-medeni. Tetelunge arep disirnakake. Meh bae Rama lan Lesmana kuwalahan.
Sarpakanaka kepeksa sumengko nemonu kangmase yaiku Prabu Dasamuka ing Negara Alengka. Dasamuka diampingi Kala Marica. Buta Kala Marica wis malih dadi Kidang asisik emas. Sita weruh kidang kuwi. Rama kapurih nyekelake kwan kang endah ngelam-lami.
Rama ora sabar menthang gandewa nglepasake jemparing. Kidang dipanah kena cumeprot. Swarane Kidang kaprungu dening Sita kaya pasambate Sita. Lesmana enggal-enggal ngelacak, ngeblas, ninggal Sita. Sita kagondhol kabur Dasamuka, karo nglakokake kereta kencana.
Sita kaduwung nggentuni tumindake. Mung ngguyu pikarepe dewe, ngumbar pepenginane, kurang waweka, ninggal kawaspadan. Pasambate Sita kaprungu dening kagendra rajaning manuk.

5. Lelabuhane Jathayu
Rajaning manuk kuwi jenenge Jathayu, mitra kenthele Raja Dasarata. Jathayu enggal tumandhang nulungi. Nanging Jathayung kalindhih ditatoni lan diajak dening Rawana. Sapa bae sing krungu tangis lan pasambate Sita mesthi melu trenyuh. Kabeh isi neng jagad melu nandang sedih.
Dasamuka muntab nesune, mratelakake manawa Sita ora telup arep dienteki. Sita tetep teguh santoso lan budi.
Rama lan Lesmana bali nglenthung ora oleh Kidang. Rumeka panggonane, Sit wes ora ana.  Rama nesu banget. Jagad saisine arep di jungkir walik. Tujune, Lesmana bisa nglelipur, bisa gawe lilih. Tumeka ing panggonane Jathayu sing menggeng-menggeh meh koncatan nyawa, ewadene isih bisa nyritakake lelakone.
Ing tengahing laku ana sing aweh pamrayoga supaya Rama lan Lesmana minta sraya marang rajaning wanara.


Ing ngendi padunungane serta sapa rajaning wanara kuwi?

Nresnani Lingkungan

JUDUL BUKU: Widya Basa Jawa Kelas VII (Hal 71-72) DENING: Tresno Sukendro lan Sukarman PENERBIT: Erlangga _ Nresnani Lingkun...