
JUDUL BUKU: Widya Basa Jawa Kelas VII (Hal 57-60)
DENING: Tresno Sukendro lan Sukarman
PENERBIT: Erlangga
DENING: Tresno Sukendro lan Sukarman
PENERBIT: Erlangga
_
Laire Kresna
Wiwit cilik Kresna duwe budi pakarti kang luhur lan
becik. Kresna mbelani bebener lan keadilan. Kresna tansah aweh pitulungan
marang sapa wae. Wis akeh warga sing ditulung dening Kresna saka tumindake
Prabu Kangsa.
Kresna sing duwe kesakten digawe kanggo mbelani wong
cilik. Kresna kang titisane Bathara Wisnu tansah njaga katentreman lan
kaharjaning urip bebayan.
Ing sawijing dina, Yasoda lan Nanda nyritakake sapa
sejatine si Kresna. Wong tuwa angkate dhawuh supaya enggal sowan marang rama
lan ibune ing kraton Mandura. Kresna ngaturake banget panuwun marang Yasoda lan
Nanda lan nyuwun budhal menyang kraton Mandura.
Ing kraton, Kresna nyritakake sapa sejatine dheweke
marang Prabu Kangsa. Kresna kandha yen dheweke bakal aweh paukuman lan nedya
nyedani Prabu Kangsa. Kresna nantang Parbu Kangsa tandhing lan adau kasakten. Prabu Kangsa murka banget.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar