Sabtu, 17 Februari 2018

Nresnani Lingkungan



JUDUL BUKU: Widya Basa Jawa Kelas VII (Hal 71-72)
DENING: Tresno Sukendro lan Sukarman
PENERBIT: Erlangga
_

Nresnani Lingkungan

Gusti Allah Kang Maha Agung wis nyiptakake alam saisine kang endah kanggo keperluwane manungsa. Gunung, alas, wit-witan, banyu kali kang endah lan asri kudu bisa kita jaga supaya bisa tetep lestari.
Lingkungan alam kang saimbang wigati banget tumrap uripe manungsa. Manawa manungsa ora bisa jaga keseimbangan lingkungan, bakal dadi bencana alam kang gawe kapitunane manungsa dhewe.
Banjir, lemah longsor, tsunami lan bencana alam liyane, mingka akibat kerusakan alam kang disebabake manungsua. Manungsa ngrusak alas kanggo keperluwane dewe. Alas dijarah, wit-witan dikethoki lan dibabat entek. Gunung-gunung dikedhukuki supaya bisa jupuk asil tambang.

Lingkungan alam kang rusak bisa mbebayani banget tumrap keslametane manungsa. Gunung lan alas kan gundhul ing mangsa udan ora bisa nahan banjir lan lemah longsor. Mulane kita kudu bisa jaga klasterean alam minangka kanugrahaning Gusti kang akarya jagad.

Crita Taman Putra - Matur Marang Bapak lan Ibu



JUDUL BUKU: Widya Basa Jawa Kelas VII (Hal 71-72)
DENING: Tresno Sukendro lan Sukarman
PENERBIT: Erlangga
_

Matur Marang Bapak lan Ibu

Sore iku kulawargane Lani ngumpul ing ruang kulawarga. Bapak lan Ibu mirsani TV, Mas Bondhan nggarap tugas kuliyahe lan Lani banjur matur marang Bapak lan Ibu.
Lani matur yen sekolahe bakal ngawontenaken kagiyatan studi wisata ing Jatim Park Kutha Batu. Dhewene nyuwun izin marang Bapak lan Ibu. Lani uga matur yen studi wisata iki wajib amarga ana tugas praktek IPA saka Pak Guru. Nanging Lani ora duweni cukup tabungan kanggo biayane studi wisata.
Bapak lagi repot mbayar registrasi kuliahe Mas Bondhan. Mas Bondhan nglarang Lani melu studi wisata supaya ora ngerepotake Bapak lan Ibu. Akhire Ibu nengahi. Bapak bisa nambahi kurangan biaya wisatane Lani lan Ibu bisa nyangoni tambahane Lani.

Lani seneng lan bungah. Lani matur nuwun banget marang Bapak lan Ibu. Lani janji yen dheweke bakal lebih sregep sinau lan entuk nilai apik.

Jumat, 09 Februari 2018

Crita Wayag - Laire Kresna BAGEAN TELU




JUDUL BUKU: Widya Basa Jawa Kelas VII (Hal 57-60)
DENING: Tresno Sukendro lan Sukarman
PENERBIT: Erlangga
_

Laire Kresna


Tandhing antarane Prabu Kangsa lan Kresna dadi rame. Dhewe-dhewe genti-genten adu kasekten lan sanjata pamungkas.
Nanging amarga Kresna dadi jalma kang pinilih lan kinasih saka Gusti, Kresna luwih unggu lan kasil mrejaya Prabu Kangsa.
Para nayaka praja lan kawula ing Kraton Mandura bungah banget nalika mangerteni Kresna bisa nyinakake Prabu Kansa. Para kawula padha suju syukur marang Gusti Kang Maha Agung.
Kahuripan ing nagari Mandura wis ora keweden maneh amarga tumindak Prabu Kangsa. Kresna mboyong Yasoda lan Nanda urip mukti wibawa bebarengan Dewaki lan Basudewa,

Kresna uga dadi raja sing adil ing nagari Dwarawarti kanthi duweni gelas Sri Bathara Kresna. Kangmase Baladewa dadi ratu ing praja Mandura ngganteni Prabu Kangsa.

Crita Wayang - Laire Kresna BAGEAN LORO






JUDUL BUKU: Widya Basa Jawa Kelas VII (Hal 57-60)
DENING: Tresno Sukendro lan Sukarman
PENERBIT: Erlangga
_

Laire Kresna

Wiwit cilik Kresna duwe budi pakarti kang luhur lan becik. Kresna mbelani bebener lan keadilan. Kresna tansah aweh pitulungan marang sapa wae. Wis akeh warga sing ditulung dening Kresna saka tumindake Prabu Kangsa.
Kresna sing duwe kesakten digawe kanggo mbelani wong cilik. Kresna kang titisane Bathara Wisnu tansah njaga katentreman lan kaharjaning urip bebayan.
Ing sawijing dina, Yasoda lan Nanda nyritakake sapa sejatine si Kresna. Wong tuwa angkate dhawuh supaya enggal sowan marang rama lan ibune ing kraton Mandura. Kresna ngaturake banget panuwun marang Yasoda lan Nanda lan nyuwun budhal menyang kraton Mandura.

Ing kraton, Kresna nyritakake sapa sejatine dheweke marang Prabu Kangsa. Kresna kandha yen dheweke bakal aweh paukuman lan nedya nyedani Prabu Kangsa. Kresna nantang Parbu Kangsa tandhing lan adau kasakten. Prabu Kangsa murka banget.

Crita Wayang - Laire Kresna BAGEAN SIJI




JUDUL BUKU: Widya Basa Jawa Kelas VII (Hal 57-60)
DENING: Tresno Sukendro lan Sukarman
PENERBIT: Erlangga
_

Laire Kresna
Nagari Madura diprentah dening Prabu Kangsa sing angkara murka lan diwedeni banget. Prabu Kangsa gampang mrejaya marang abdi lan para kawula sing tumindak luput tanpa gelem aweh pangapura.
Prabu Kangsa kagungan bibi aran Dewaki sing kapundhut garwa dening Basudewa. Sawijine dina Prabu Kangsa karawuhan Hyang Narada lan dhawuh, “Menawa sing bakal njongkeng kewibawaanmu lan nyirnakake jeneng sira yaiku putrane bibimu sing nomer 8” Sawise ngendika, Hyang Narada kondur menyang kahyangan.
Prabu Kangsa pancen ora duwe welas asih amarga saben Dewaki nglairake mesthi dipateni. Dewaki lan Basudewa susah banget penggalihe. Rina wengi dheweke tansah nyenyuwun marang Jawata supaya putrane dislametake. Panyuwune kasebut akhire dikabulake.
Dewaki nggarbini bayi sing kapitu, karawuhan Dewi Nindra. Kanthi cara gaib, Dewi Nindra ngelih jabang bayi sing dikandhut Dewaki menyang Rohini, garwane Basudewa nomor loro. Sabanjure bayi dilairake Rohini kanthi slmate, dijenengake Baladewa.

Sawise laire Baladewa, Dewaki nggarbini jabang bayi sing kawolu. Nanging Prabu Kangsa wis ngerti, Dewaki lan Basudewa pasrah. Akhire Dewaki nglairake jabang bayi miyos kakung sing peking rupane, pakulitane ireng manis. Diparingi asma Kresna. Basudewa ngijolake putrane karo bayi anake Yasoda lan nanda.

Rabu, 31 Januari 2018

Cerkak - Jaka Tarub



JUDUL BUKU: Widya Basa Jawa Kelas VII (Hal 211)
DENING: Tresno Sukendro lan Sukarman
PENERBIT: Erlangga
_

Jaka Tarub

Ing pedhukuhan Tarub urip sawijining randha aran Mbok Randha Tarub tilas garwane Ki Ageng Tarub. Sawijining wengi ngepasi malam jemuwah kliwon, ziarah ing makame Ki Ageng. Eloke lelakon, bareng parak esuk mbok Randha Tarub kaget lan gumun dene ing cedhake anggone turu ana bayi lanang nangis cenger-cenger.
Bayi lanang tur bagus iku gelis gedhene. Bayi lanang kuwi dijenengi Jaka Tarub. Anggone nggulawentah Jaka Tarub ngalah-ngalahi anake dewe.
Jaka Tarub wis ngancik jejaka, senengane mbebedhag kewan alas. Ing tengah alas dheweke weruhi widadari kang padha adus. Jaka Tarub njupuk klambi siji lan selendange banjur digawa mulih disingitake ing lumbung ditumpuki pari.
Nalika meruhi tekane manungsa widadari padha mabur bali menyang khayangan wedi kamanungsan. Kari siji widadari kelangan klambi lan selendange, atine sedhih banget nganti nangis. Wusana, widadari iku ngucap sayembara, “Sing sapa bisa menehi klambi menawa wong tuwa bakal diaku dadi wong tuwane, menawa wadon bakal diaku sedulur sinarawedi, dene yen lanang bakal sanggup dipek bojo”

Jaka Tarub menehi pitulungan marang widadari kang arak Dewi Nawangwulan. Banjur digarwa diajak bali ing pedhukuhan Tarub.

Cerkak - Emprit Sajodho Ngrembug Pakdhe Tani



JUDUL BUKU: Emprit Sajodho Ngrembug Pakdhe Tani
DENING: Lik Hugo
PENERBIT: Penjebar Semangat (Mei 2014)
_

Emprit Sajodho Ngrembug Pakdhe Tani

Ing alas sacedhake sawah ana manuk emprit sasodho nyusuh ing pange wit munggur. Nuju sawijining esuk, padha dhidis ing panasan sinambi rekembugan.
Ujare manuk wedok “Pakne, susuhe mbok didandani. Angine sembribit mlebu”.
“Witikno arep dikapakna, paring Sing Kuasa lagi kaya ngene. Ora kurang deh aku ngudi entuk suket”. Wangsulane manuk lanang.
“Bocah sing padha ngarit bae sambate sundhul langit. Ora entuk gawe. Saler bae ora oleh kecekan suket. Aku yo durung oleh incengan nggonane pakdhe Tani, tak ungak, lumbunge kothong. Sing tak weruhi mung tela ana tampah. Sakjane parine pakdhe Tani padha nglumpuk ing omahe juragan paring ing kutha” Imbuhe.
“Nek kiraku sebabe saka kurang tresnane pakdhe Tani marang Dewi Sri. Ayo pak ne, ndang budal nyang kutha”
“Nek saka pamrayogaku, mbokne ora perlu padha ngumbara menyang kutha, becik trima mangan sektemune dhisik. Mentas udan mesti banjure terang, rak yo ngono ta?” Ujare manuk lanang.
“Pengarep-arepku, muga-muga besok bubar panen pakdhe Tani bisa nyrateni menyang kaksame Dewi Sri, supaya penggalije ana ing omah bisa tentrem”

Nresnani Lingkungan

JUDUL BUKU: Widya Basa Jawa Kelas VII (Hal 71-72) DENING: Tresno Sukendro lan Sukarman PENERBIT: Erlangga _ Nresnani Lingkun...